Percakapan Bahasa Jawa menggunakan parikan dan wangsalan
-Asli buatan sendiri- Untuk wangsalan menggunakan yang sudah ada.

Semoga bermanfaat, terimakasih :)
Pacelathon Basa Jawa (ngemot parikan lan wangsalan)
Nang telfon, bali sekolah
A : Halo B siro nang umah pora?
B : Iyo, ono opo
A : Balung
klapa, ethok-ethok ora ngerti ding
B : Isuk
isuk luru bathok Lagi mlaku kecemplung kali. Lha kok ethok-ethok? Aku tenan ora
ngerti.
A : Jenang
gula ncen kowe, mosok lali si. Aku arep dolan nang nggon mu
B : Oalah, yo wes ndang rene
A :
Nggodhog banyu nggo gawe teh, oke dehh
B : sip
B : sip
Nang ngarep omahe B
A :
Assalamu’alaikum. . .
B : Wa’alaikusalam. . . seko ngendi wae to kuwe kuwi ?
A : Sayur ijo iku cesin, Aku bar ngisi bensin
B : Umah tuo di cagak saka, Dienteni kawit mau ora teka-teka
A : Pak Mamat gawe gapura, yen kesuwen yo ngapura
B : Nyaron bumbung, le ngenteni nganti cengklungen. Yo wes ndang mlebu
A : Hehe. . .

----
Nang jero omahe B
A :
Lungo pasar tuku telo Telone mung ono
siji. Omahmu sepi temen to, podho maring ngendi?
B : Ono palu ono paku, padha nang daleme Pakdheku
A : O.. ngono to.
B : Heem. Njanur gunung, jane ono perlu opo kadingaren dolan mrene?
A : Iki aku arep jaluk warah soal matematika
B : Balung geni, sing ndi to mbok menawa aku bisa
A : Sing soal UAS taun wingi kae, Duwe rukuh duwe sarung, siro wes garap rung?
B : Ono menang ono kalah, yo jelas wes lah
A : Cah gedhe koyo bayi, yo kene aku diwarahi
B : Tuku jajan bakwan kawi, yo gampang nek ngono kuwi

Wes rampung ki matur nuwun wes marahiB : Nembang jawa mung sakpadha O yo padha-padha
A : Saben sore nang segoro, Aku bali dhisik yo
B : Banyu buthek ono kali, iyo sing ngati-ati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar